MAKALAH BAHASA JAWA PARITAN
BAB
I
PAMBUKA
Puji
syukur tansah kita aturaken dumateng Allah SWT ingkang sampun ngeluberaken sih
rahmat-Nya dumateng kita sedaya, sahingga kita saget ngerampungaken makalah
kanthi irah-irahan “PARIKAN”.
Rampunge
makalah punika mboten lepat saking mawarni pihak mila saking mrikuki
tangaturaken panuwun dumateng:
1. Bapak
Djoko Suwono, MSi, ingkang dados KepalaSekolah SMA NegeriJogoroto.
2. Ibu
Kristina S.Pd, ingkang dados Guru BasaJawa SMA NegeriJogoroto.
3. Kalian
sedaya pihak ingkang sampun ngrencangi nyusun makalah niki ngantos rampung.
Ing
sajroning bebrayan lan sajroning pasrawungan urip sastrakuno, salah sawijine
inggih menika PARIKAN. Parikan
kalebet wontening pagelaran ludruk, inggih menika bab dangdutan (pantun kang
isine crita-crita kang lucu).Parikan kang duwe peransosial, inggih menika
kanggo ngeraketaken pasrawungan ing masyarakat lan kanggeng aturaken
pesan.
Parikan
kuwi rong ukara kang kaya pantun nanging parikan kuwi mung rong larik. Larik
kang sepisan kanggo narik kawigaten, lan kepindho minongko isi. Biasane isi
parikan kuwi bab-bab kang becik.
Ingkang
njeroh makalah iki tasek katah kekurangan lan kelemahan. Enggal menika saran
lan kritik kanggeh nyempurnaaken makalah niki sampun ditampi kalian pangripta
kalian manahing kang bingah.
PANGRIPTA
BAB II
WOSING PIREMBANGAN
2.1. TEGESE
PARIKAN
Parikan
punika unèn-unèn kang dumadi seka kaleh (2) ukara. Ukara sepisanan kangge narik
kawigatèn, ingkang kapindho minangka isi. Parikan niku kaya pantun nanging mung
rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Parikan klebet rereganing
basa, amargi basa ingkang mawa parikan niku ndamel senenge tiyang ingkang ngaos
utawi ingkang mireng. Guneman mawa parikan saget njalari rame nengsemake.
Kang diarani
parikan ingkang punika unen-unen mawa paugeran tigang warna inggkang menika :
·
kadedan saka rong ukara
kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
·
saben saukara kadedan
saka rong gatra
·
ukara kapisan mung
minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Guane
purwaka (ukara kapisan) namung ndamel narik kawigatene tiyang ingkang nedya
sikandhani utawi dipituturi. Perlune, supaya ing sederengipun ukara ingkang isi
utawi “wose” dikandhakake, tiyang ingkang nedya dipunturi sampun ketarik atine,
setemah mantun niku nggatekake, saget ngerti temenan dumateng maksude ukura
ingkang isi “ngese” (ukara kapindho).
Parikan
ingkang dumateng basa lain inggih menika salah satunggalipun kesenian
tradisional ludruk. Ludruk ing saktemenipun tiyang seniman ludruk kedah sanget
ndamel parikan ingkang kurangipun kaleh jam. Sakluntinipun parikan kedah
selaras kalian kondisi sosial. Dados parikan mboten pareng monoton, spontanitas
punika hal ingkang paling ageng dening ndamel parikan ing ludruk. Seniman parikan
biasanipun ngamati kondisi masyarakat dening lokasi pertunjukkan ndamel ngerti
kondisi lan saget ndamel parikan ingkang spontalitas.
2.2. MACEMIPUN
PARIKAN
Manut (cacahing)
wandane, parikan punika saget diperangi dados tigo, ingkang menika:
1.
Parikan kan dadadean saka (4 wanda
+ 4 Wanda) X 2
2.
Parikan kan dadean saka (4 wanda +
8 Wanda) X 2
3.
Parikan kang kadadean saka (8
wanda + 8 Wanda) X 2
2.3. TULADHANE PARIKAN
1.
Parikan kan dadadean saka (4 wanda
+ 4 Wanda) X 2
Tuladha:
Iwak bandheng, durung wayu
Priya Ngganteng, sugih ngelmu
2.
Parikan kan dadean saka (4 wanda +
8 Wanda) X 2
Tuladha:
Kembang adas, sumebar tengahing
alas
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora
waras
3.
Parikan kang kadadean saka (8
wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
Enting-enting gula jawa, sabungkus
isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa
2.4. PERANANIPUN PARIKAN
Parikan
ngadah peranan kangge peliharan basa. Parikan ngadah peranan maleh ingkang
menika panjagi fungsi kata lan kesanggupanipun anjagi pola pikir tiyang menika.
Parikan saget nglatih tiyang kangge mikir sak derengipun ngendaliaken. Tiyang
menika inggih saget mikir asspsiatif minangka saksawijining wanda bisa duweni
kaitang dumateng wanda laine.
BAB III
PANUTUP
3.1.
DUDUTAN
Parikan
inggih menika sastra jawa ing digunakake dumateng pementasan ludruk. Cacahe
macem-macem ditingali saking wandane lan ngadah fungsi ngeraketaken
pasrawungan.
3.2.
PARAMYOGI
Parikan
inggih menika warisan sangking leluhur ingkang kudu dilestariaken supaya mboten
ical ketindes zaman lan kita generasi enom kedah saget njagi warisan kebudayaan
jawa salah sawijinipun parikan,
DAFTAR
PUSTAKA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar